10 Juli 2008

Jebul aku sugihé pol!

Cangkemku jan kecut. Nagih udud. Rumangsaku aku isih duwé selembar limang èwunan, lumayan isa dadi setengah bungkus, isih turah sèwu. Sak sisih kiwa-tengen dak rogohi, blas ora ana dhuwité serepis-repisa. Sajaké kèri ana ngomah. Ésuk mau umbah-umbah clana, isi sak wis dak tokné kabeh, dak sèlèh ana ndhuwur rak. Woo, apes, kèri tenan... marahi sangsaya kecut waé...
Tumpukan buku lan kertas-kertas nèng ndhuwur méja dak biyaki, mbokmenawa ana sèwu-rong èwu sing nylempit. Ora ana.
Laci tak bukak, isiné mung perkakas tulis, obèng karo cuwil-cuwilan kertas bon.
Nginguk ngisor méja, mbokmenawa beja isa nemu kècèran. Aku mrèngès. Cèlèngan! Luwih prenahé blèk-blèkan. Lha wong wujudé dudu cèlèng, nanging blèk roti sing dimodifikasi dadi wadhah dhuwit krincing.

Ndang dak gèrèt metu, dak bukak tutupé... hé-hé-hé, isiné isih akèh!
Dak golèki dhisik krincing limangatusan, dak pilihi siji-siji. Durung genep cacah limalas, amarga gelem ora gelem weruh wujudé, suwé-suwé aku banjur ngematké gambaré, nganti angka tahun cétaké. Jebul béda-béda tahuné.
Sidané dak tumplak kabèh, dak deloki mbaka siji. Ana sèwunan, limangatusan , rongatusan, satusan, lan sèketan rupiah.

Sing sèwunan ana patang sèri tahun, angkané 1994, 1995, 1996 lan 2000, persis nèng ngisoré gambar Garuda Pancasila. Ing waliké gambaré padha kabèh: Kelapa Sawit.
Limangatusan ana nenem sèri, tahun 1992, 1997, 2000, 2001, 2002, lan 2003. Tahun 1992 béda dhéwé, gambar melathiné gedhé lan tulisan "Rp500" cilik ana ngisoré. Sing liyané angka 500-e sing gedhé nanging gambar melathiné cilik. Limangatusan sing warna putih blas ora ana.
Rongatusan warnané putih, aku mung nemu sèri 2003 thok, gambaré Jalak Bali.
Atusan ana rong warna kuning karo putih. Sing kuning ana pitung sèri, tahun 1992, 1993, 1994, 1995, 1996, 1997, lan 1998. Sing putih uga ana pitung sèri, tahun 1999, 2000, 2001, 2002, 2003, 2004, lan 2005.
Sing pungkasan sèketan rupiah ana sasèri, tahun 2002.

Nyawang dhuwit krincing sing pating slebar nèng ngarepku, lha kok malah marahi pikiranku nggrambyang.
Kamangka iki mung saka sa-blèk sing panggoné ndhelik nèng ngisor méja, umpama dhuwit krincing seindonesia dijèjèr-jèjèr kabèh ana pirang sèri, ya? Kira-kira ki ageng krincing bakul dhuwit isa paring wewarah ora, ya? Krincing sèwu ki katoné kok ora populèr, ya? Isih dicétak apa ora, ya? Pitakonku nggandhul ora ana sauré, dak tutugké mbatin dhéwé.
Yèn rongatusan kanggoku ya mung saba turut terminal, kanggo mbayar péron. Mulané luwih kerep mlebu sak tinimbang mlebu blèk, tur manèh aku ora tau éntuk rongatusan nganti akèh.
Luwih mesakné manèh sèketan karo selawénan, kanggo susuk waé wis mèh ora payu, luwih kerep diijoli permèn. Nèng blèk mung ana rong iji sèketan, sèriné padha lan sajaké entuké bareng. Mungkin susuk saka swalayan sing menjunjung tinggi slogan "money is money".
Béda karo limangatusan, apa manèh satusan. Satusan nganti patbelas sèri mlebu blèk, tur angkané urut, berarti pancen uakèh tenan dicétak. Katoné wiwit saka bakul-bakul nèng pasar, asongan, swalayan, mbayar angkot, nganti transaksi gedhèn-gedhènan isih nganggo atusan krincing. Yen limangatusan, paling sering aku ketemu kanggo susuk nèng warung. Ana ing blèk, limangatusan kuning isih akèh sing mlebu, nanging limangatusan putih ora ana blas. Mungkin amarga ènthèng, luwih kerep dak lebokaké sak, ora gondhal-gandhol, tur isa dinggo mbayar dendha. Dendha sing paling ora adil sadonya. Perkara nyekel manuk. Kamangka manuké ki manukku dhéwé...
Yen ngongkon wong liya sing nyekelké wis genah kudu mbayar, lha aku nyekeli dhéwé, jebul ya tetep kon mbayar....

Lho..., rak malah lali ta.... sik tak tuku udud sik. Ora baèn-baèn ki, sebungkus thik... :D

8 komentar:

Anonim mengatakan...

wah semakin banyak duit receh semakin banyak duit ya mas. :)

anakperi mengatakan...

lha iya, kang... sugih kuwi rak mung perkara rasa-rumangsan, ta?

Bangpay mengatakan...

rumangsa sugih po sugih rumangsa???

anakperi mengatakan...

kabeh.
rumangsa sugih tur sugih rumangsa sugih... :D

Bangsari mengatakan...

nyekel manuke dewe kudu mbayar? hahahaha. sampeyan kuwi kok ya pinter guyon maton mak nyos ngono lho..

btw, omong-omong bab duit, saiki ki wis ra usum neh duit kartal. jarene uwong-uwong duit gesek ki luwih entheng, luwih gampang, luwih praktis, tur sing luwih penting maneh, luwih nggaya.

nanging, aku dewe durung duwe. hehehe

anakperi mengatakan...

Nggèsèk pénak ki rak yèn isiné akèh ta, kang?
Tur menèh yèn arep ngècèr udud, arep digèsèkké nèng endi, jal? hé-hé-hé....

Anonim mengatakan...

gaswat iki si ipoul, koq malah pengen "nggesek" ... suwe2 bocah kuwi iso ketularan e-ndiks lho. Yen ora nduwe dhuwit karo kertu njur opo sing arep digesekke ning WC umum jal ... manukke dhewe poo??

anakperi mengatakan...

Hehehe... heleme pecah, angel golek gantine lho, Kang Ipul, Pakdhe Zumux...